Jenis kalimat Bahasa Jawa

Safira Meisa Dewi_K1220073_Sintaksis Bahasa Bantu

Safira Meisa Dewi_K1220073_Sintaksis Bahasa Bantu

by Safira Meisa Dewi K1220073 -
Number of replies: 2
Kalimat bahasa Jawa disebut dengan ukara. Ukara inggih menika kempalaning tembung ingkang hanggadahi makna jangkep ingkang kaawali saha kapungkasi dening "kesenyapan/kendel". Kesenyepan ingkang sepindhah awujut aksara murda dene kesenyapan ingkang kaping kalih awujud.
-Tuladha : Aku mangkat sekolah numpak pit

Jinising ukara bahasa Jawa :
1. Ukara tanduk lan ukara tanggap
-Ukara Tanduk ,yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa entuk ater-ater anuswara lan jejere nindakake pakaryan. Ukara tanduk kaperang dadi loro, yaiku ukara tanduk mawa lesan (kalimat aktif transitif) lan ukara tanduk tanpa lesan (kalimat aktif intransitif).
Tuladha : Ukara tanduk mawa lesan ( kalimat aktif transitif ) : Tono mangan sega, Ani nyapu latar, Tini njait klambi.
                 Ukara tanduk tanpa lesan (kalimat aktif intransitif): Retno mlaku- mlaku, Udin sinau, Doni turu angler.
-Ukara tanggap, yaiku ukara kang wasesane arupa tembung kriya tanggap (entuk ater-ater tripurusa) lan jejere dikenani pakaryan.
Tuladha : Segane di pangan Tono, Kewane digambar Dini, Klambini dijait Tini.

2. Ukara Lamba lan ukara Camboran ( sejajar lan susun )
- Ukara lamba, yaiku ukara ingkang nduweni jejer lan wasesa namung satunggal.
Tuladha : Ibu tumbas sayur, Simbah nitih sepur, Koran diwoco Bapak
- Ukara Camboran Sejajar, yaiku ukara kang dumadi saka rong ukara lamba utawa luwih 
Tuladha : - Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete (kadadean saka ukara: (1) Timun mas lungo saka omah, (2) Timun mas mlayu sak cepet-cepete).
                -  Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau (kadadean saka ukara: (1) Buto ijo mandeg, (2) Buto ijo mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau).
-Ukara Camboran Susun, yaiku ukara kang salah siji kalungguhan tembunge bisa diganti utawa dirowakake, kang sinebut gatra.
Tuladha : -Timun mas banjur nguncalake buntelan sing isine wiji timun (kadadean saka ukara: Timun mas banjur nguncalake bahan)
                -Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randha nandur wiji timun iku ana kebone.  (kadadean saka ukara: Mau, mbok Randha nandur wiji timun iku ana kebone).
-Ukara Camboran Campuran
Tuladha : Aku lunga nalika Bapak seda lan Ibu gerah.



 


In reply to Safira Meisa Dewi K1220073

Re: Safira Meisa Dewi_K1220073_Sintaksis Bahasa Bantu

by Angelita Widyawati K1220013 -
Saya setuju dengan jawaban dari mbak safira, jawaban yang diberikan jelas dan insyaallah mudah dipahami.