Jenis kalimat Bahasa Jawa

Fahmadila Meisarah_K1220033_Bahasa Bantu_Sintaksis Jawa

Fahmadila Meisarah_K1220033_Bahasa Bantu_Sintaksis Jawa

by Fahmadila Meisarah K1220033 -
Number of replies: 2

Ukara yaiku tuturan kang ngemu makna jangkep (ganep). Ukara iku rangkaian tembung kang nyatakake gagasan, pikiran awujud katrangan, pitakon, panjaluk utawa maksud liyane. Tata ukara bisa diprinci utawa disilah miturut tindakan jejer lan wasesa, miturut wangun ukara lan miturut wedharing gagasan.

Jinising ukara :
1. Ukara kandha (kalimat langsungan)
Tuladha : Ibu ngendika kowé kudu sekolah.

2. Ukara crita (kalimat cerita).
Tuladha : Ngendikané Ibu yèn sregep sekolah mesthi pinter.

3. Ukara tanduk (kalimat aktif).
Tuladha : Bapak tindak kantor.

4. Ukara tanggap (kalimat pasif).
Tuladha : Sepédhané dicèt abang.

5. Ukara pakon (kalimat perintah).
Tuladha : Jupukna sepédhaku ing omahé paklik.

6. Ukara panjaluk (kalimat permohonan).
Tuladha : Tulung njupukna buku kuwi.

In reply to Fahmadila Meisarah K1220033

Re: Fahmadila Meisarah_K1220033_Bahasa Bantu_Sintaksis Jawa

by Safira Meisa Dewi K1220073 -
Saya setuju dengan penjelasan Mba Fahma, penjelasannya jelas dan insyaAllah mudah dipahami.